Selasa, 03 Agustus 2010

ojo nangis bae

tholé nggèr anakku cah bagus,
ojo pijer ngangis baé,
sing sabar amerga,
biyungmu lagi ngupoyo tamba,
dimèn awakmu énggal saras,
cup menengo,
percayaa,
Gusti kang paring usada,
jer piyambaké ambeg welas,
marang panandhang kang lagi mbok sandhang,
thole aja nangis baé,
cup menenga

Rabu, 30 Juni 2010

bingung

bingung

aku dadi bingung,
merga kahanan sing ngalor ngidul iki,
sing siji nyalahke sijine,
kabeh ngaku bener,
lha sing salah njur sapa,
kabeh ora rumangsa salah,
malah nyalahke sing ora salah,
ah embuh ah,
aku malah tambah bingung,
luwih becik turu njingkrung.